Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Untuk Lomba Anak Sd Berbagai Tema – Pidato adalah sebuah kegiatan berbicara di depan banyak orang. Pidato dilakukan dengan menggunakan bahasa yang baik dan dapat diterima oleh pendengar. Umumnya, orang yang melakukan pidato akan menyampaikan gagasannya kepada orang lain atau pendengar.
Isi pembicaraan di dalam pidato akan menjelaskan mengenai ide dan petunjuk. Tak jarang juga orang yang melakukan pidato akan memberikan nasihat-nasihat kepada para pendengarnya. Hal itu tergantung pada konteks atau kondisi pidato tersebut.
Nah, dalam artikel ini kita akan memberikan contoh teks pidato untuk lomba anak sd singkat dengan berbagai macam tema. Yuk, simak berikut contoh pidatonya.
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Untuk Lomba Anak Sd Berbagai Tema
Contoh Teks Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya
Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani
Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.
Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.
Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun.
Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata.
Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia.
Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.
Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak.
Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.
Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken.
Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.
Wassalamualaikum wr. wb.
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Kemerdekaan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW 70
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Kampung Aksara
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten acara tiraatan kagem mengeti dinten kemerdekaan kanthi pinaringan karaharjan.
Kula Trisna, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.
Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi bilih rikala 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Pahlawan bangsa punika gadhah cita-cita luhur kagem merdekaaken Indonesia.
Tanggal 17 Agustus, para pemimpin bangsa wusananipun kasil maosaken proklamasi kamardhikan ingkang kedah kita mangertosi.
Mugi-mugi bangsa Indonesia saklajengipun langkung sae lan saged ngisi kalihan njaga semangat nasionalisme.
Cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun matur, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Lingkungan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW 70 Sambikerep
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu RW 70
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem ngawiwiti kerja bakti, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya mboten kirang satunggal menapa.
Perlu kita mangerteni menawi lingkungan penting sanged kagem papan panggenan lan nggantungaken urip. Menawi lingkungan resik, masyarakatipun ugi sehat lan saged rukun.
Menawi manungsa njagi lingkungan lan manfaatke kasilipun saking bumi, urip dados luwih becik lan rukun.
Salah sawijining cara njagi lingkungan inggih menika mboten mbucal sampah ing trotoar utawi papan kanthi salah.
Salajengipun, kita saged milah sampah ingkang taksih saged manfaat utawi sampah ingkang kudu dibucal.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami rawuh.
Kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum wr.wb
Itulah contoh teks pidato bahasa Jawa untuk lomba anak sd dengan berbagai macam tema. Semoga bermanfaat!