Pidato adalah sebuah kegiatan berbicara di depan banyak orang. Pidato dilakukan dengan menggunakan bahasa yang baik dan dapat diterima oleh pendengar. Umumnya, orang yang melakukan pidato akan menyampaikan gagasannya kepada orang lain atau pendengar.
Dalam artikel ini kita akan memberikan contoh pidato Bahasa Jawa tentang pendidikan.
Menurut buku Baboning Pepak Basa Jawa, karya Budi Anwari (2017), pidato yang disampaikan menggunakan Bahasa Jawa disebut sesorah. Adapun, pidato ini biasanya diutarakan tatkala sebagian besar pendengar atau tamu acara merupakan orang Jawa.
Agar pendengar dapat memahami isi pidato berbahasa Jawa yang disampaikan, si pembaca pidato haruslah memahami struktur dan tingkatan tutur bahasanya. Biasanya pidato dalam Bahasa Jawa disampaikan menggunakan bahasa Jawa halus atau krama inggil.
Berikut adalah contoh teks pidato Bahasa Jawa tentang pendidikan. Yuk simak berikut contohnya.
Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
Assalamu’alaikum wr.wb
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah.
Dhumateng Bapak lan Ibu guruku.
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal ‘afiyat.
Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang pendidikan.
Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane. Wonten ing sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu agama. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guruku lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.
Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun. Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama luwih-luwih krama inggil.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.
Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.
Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Itulah contoh teks pidato Bahasa Jawa tentang pendidikan. Jika Anda diminta membuat pidato bahasa Jawa bertema pendidikan, Anda bisa memodifikasi konten pidato tersebut untuk dijadikan referensi dan dapat disesuaikan dengan tema besar yang akan disampaikan. Terima kasih. Semoga membantu!