Contoh Sesorah Untuk Acara Purna Siswa SMA – Berikut contoh sesorah untuk acara purna siswa SMA yang dapat kalian jadikan sebagai referensi. Sesorah merupakan nama lain dari pidato berbahasa Jawa. Sesorah pun telah mulai ditinggalkan dengan pidato yang sering menggunakan Bahasa Indonesia.
Dalam artikel ini kita akan memberikan contoh sesorah untuk acara purna siswa SMA. Yuk, simak berikut contoh sesorahnya.
Contoh Sesorah Untuk Acara Purna Siswa SMA
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan dan Olahraga Kabupaten Grobogan, Kepala SMA Negeri 1 Wirosari, Muspika kecamatan Wirosari, Bapak/Ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya.
Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2023/2024 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.
Bapak Ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 1 Wirosari ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 1 Wirosari menika.
Kula sakanca ngaturaken agungin panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMA Negeri 1 Wirosari, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan SMA Negeri 1 Wirosari ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Nasional saha Ujian Sekolah kanthi sae.
Kula sakanca ngaturaken agunging samudra pangaksami dhuamteng bapak Kepala Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Wirosari mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungula-wenthah ing kawah candradimuka menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani, trapsila ingkang boten tata, lan saweneh kawontenan ingkang boten mantesi, saestu sepisan malih kanthi andhap asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa saha sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula sakanca. Amin.
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMA Negeri Wirosari langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Wirosari Kabupaten Grobogan. Amin.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Itulah contoh sesorah untuk acara purna siswa SMA yang cocok untuk kalian jadikan sebagai referensi ketika akan menyampaikan sebuah pidato pada acara purna siswa SMA. Semoga bermanfaat!